Sabtu, 08 Desember 2007

pEpEliNg

-jarit lungset ing sampiran=kapinteran sing ora diecakake mesthi bakal ilang utawa ora piguna
-dalan gawat becik disimpangi=wong sing ala watake becik disingkiri
-durung bisa ngaku pecus=durung akeh kawruhe kepingin pamer
-ana dina ana upa=angger gelem nyambut gawe mesthi bakal oleh rejeki
-nyilih ambalakake utang nyaur=wong tumindak ala mesthi bakal ngunduh wohing pakarti bakal kena piwalesing liyan amarga saka tumindake
-dhoyong2aja rubuh=wong kang asring nemu pakewuh ana ing pagawean nanging yen entuk sarana bisa tumandang kanti rancang
-tega larane ora tega patine=seduluran yen ana sensarane meksa ora tega
-kupat bungkuse janur
dipangan nganggo semur
ayo podho nulungi sedulur
kanthi tresna kang luhur
-tulung menthung=tetulung nanging wasanane malah saya agawe rekasane wong kang ditulungi
-tebu sauyun=rukun banget,wis golong giling rembuke lan kekarepane

1 komentar:

ITAWAYITES mengatakan...

aku nggak ngrti opo kuwi maksute....terjemahke ra gen aku ngerti